Ing sasi Juli taun 2025, SMP 2 (Espero) Tegal nganakake kagiyatan MPLS yaiku Masa Pengenalan Lingkungan Sekolah. Dadi, para OSIS membimbing calon murid anyar ngenani SMP 2 Tegal.
Aku lan gugus ku (gugus cetil) entuk perangan kanggo membimbing klas 7C. Aku untung entuk 7C amarga klas 7C iku manut aku kang paling gampang diatur.
MPLS iku pokoke asik banget. Iku sawijining momen kang paling seru ing sekolah. Aku ditepang dening adhi adhi klas, aku oleh kanca anyar, lan liya-liya.
Ing mpls aku uga entuk kalodhangan kanggo ngandharake kawruh ku ngenani SMP 2 Tegal marang adhi-adhi klas. Sanadyan kadhangkawis dheweke kabeh rewel, aku tetep ngandharake karo sareh lan njajal dadi kakang klas kang apik.
Nganti saiki aku isih nduwe foto bareng bocah-bocah 7C kang aku bimbing sasi kapungkur. Kesimpulane, kagiyatan MPLS Espero 2025 iku seru lan ora arep ku lalekake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar